Tradisi Suran ing Desa Traji
Manut crita sing ngrembaka ing masyarakat desa Traji, mula bukane tradisi 1 Sura kawiwitan saka lelakone
dhalang asmane Garu sing kasuwun
ndhalang ing daleme salah sawijining priyayi ing desa kono. Garu nyaguhi
pamundhute piyayi mau. Ngarepake tanggal 1 Sura, Ki Dalang lan rombongan teka
ing papan sing wis dicawisake. Ing daleme priyayi mau ana gapura kang gedhe,
ngengreng lan wis kebak pawongan sing akeh arep padha nonton wayang ing bengi
iku. Salebare Isya, Ki dalang wiwit ndhalang kanthi lakon Tambak Situbondho.
Sawise rampung ndhalang, ki Dhalang nampa bayaran awujud telung iring kunir.
Mesthi wae Ki Dhalang keget. Wusana dhalang mung njupuk telung wiji kunir mau.
Priyayi sing nanggap wayang mau wanti-wanti aja pisan-pisan ki Dhalang mengo
sadurunge antuk pitung jangkah. Lamun
pesen iku dilanggar, bakal kedadean bab sing ora nyenengake. Nanging Ki Dhalang
durung nganti entuk pitung langkah wis mengo. Dumadakan omah gedhe daleme priyayi mau sanalika ilang, wong-wong
sing padha nonton wayang uga wis ora
ana. Papan iku wis malih dadi wit ringin sing gedhe, dene kunir ing kanthonge
Ki Dhalang krasa abot, jebul kunir-kunir mau wis malih dadi emas batangan cacah
3. Sawise kedadean mau, ki Dhalang ngendika supaya masyarakat ing kono padha
nganakake slametan ing saben tanggal 1 sura.
Sabanjure,
masyarakat ing kono saben tanggal 1 Sura nganakake slametan. Minangka pengiring
sesajen, dipilih pasangan manten yaiku pak Lurah sekaliyan kang dirias kaya
dene penganten Jawa, ngagem busana keprabon.
Sewulan
sadurunge, ing sapinggire dalan gedhe Parakan –Ngadirejo wis akeh para bakul
jajanan lan -- dhasar ing kono. Uga ana pasar malem sing nggelar sawernaning dolanan lan tetumpakan. Lomba- lomba kanggo
ngramekake swasana uga diadani.
Tetandhingan bal-balan ngrebutake Sura Cup dianakake ing lapangan Traji.
Mangkono keramean ngadhepi upacara adat Suro ing desa Traji.
Upacara Suran
diwiwiti kanthi pasang besek sesaji ing prapatan lan pratelon dalan-dalan desa
Traji ing wektu sore sadurunge upacara kawiwitan. Sesaji mau isine woh-wohan kayadene pisang,
jambu air, bengkowang, jajan pasar, rokok, lan dhuwit recehan. Cacahe besek sesaji mau manut jumlah prapatan
lan pratelon ing desa Traji. Sesaji iku diadani kanthi tujuwan nyuwun supaya
upacara Suran bisa kaleksanan kanthi selamet. Sawise pasang besek sesaji wis
rampung, Pak Lurah sing wis ngagem busana keprabon, para pamong lan warga
sing mangagem busana adat Jawa, kumpul
ing bale desa Traji sing wis siyaga nganakake kirab. Kirab penganten diwiwiti
salebare shalat maghrib. Arak arakan penganten mau diiringi gunungan gedhe
isine asil bumi kayata pari, sayur-sayuran, jagung, terong, lan besek gedhe
isine endhas lan sikil wedhus lan rupa sesaji liyane. Arak-rakan kirab tumuju
ing sendhang Sidhukun sing jarake 600 meter, liwat dalan gedhe. Sanajan ora
adoh, arak-arakan mau bisa mbutuhake wektu nganti sajam, amarga dalan sing
tumuju Ngadirejo macet.
Satekane
ing sendhang Sidhukun, maca tembang macapat lan donga isi syukur lan nyuwun keslametan
supaya desa kono didohake saka sawernane musibah.
Sawise diwacakake donga sesaji endhas
lan sikil wedhus dicemplungake ing sendhang mau. Isi sesajen liyane uga ana
sing dicemplungake ing sendhang. Kirab banjur diterusake ing sendhang Kali
Jaga. Papane ora adoh saka sendhang Sidhukun. Ing kono uga masang sesaji ing
watu gedhe sacedhake sendhang Kali Jaga.
Saka
sendhang Kali Jaga, arak-arakan bali menyang bale Desa. Ing sadawane dalan sing
diliwati, pengantin putri (Bu Lurah) tuku jajanan / barang-barang sing didol
ing kono. Para bakul duwe keyakinan yen
dagangane dituku pengantin putri mau bakal gangsar
rejekine. Mula sanajan dituku murah bakul - bakul kanthi rena menehake
dagangane. Ing bale desa banjur dianakake sungkeman dening para pamong, warga
lan bakul-bakul, nyuwun pangestu supaya ing taun ngarep kaparingan rejeki sing
berkah.
Ing
wektu tengah wengi dianakane ziarah ing makam Kyai Adam Muhammad sing dipercaya
masyarakat kono minangka Kyai sing nyebarake Agama Islam ing Traji. Ing papan
iku padha maca Surat Yasin lan donga liyane. Esuke dianakake pagelaran wayang
kulit kanthi lakon Tambak Situbondho. Lakon iki nyritakake pambudidayane
masyarakat supaya anggone olah tetanen asile apik. Bengine lakon wayang sing
dipilih yaiku lakon pilihane Pak Lurah. Dhalang sing diundang syarate kudu wis
nate ndhalang neng kraton Ngayogyakarta.
1.
Golekna
tembug-tembung kang angel banjur golekna tegese ing bausastra utawa kamus!
No
|
Tembung
angel |
Tegese |
1 |
Mula
bukane |
Wiwitani,
awal-awale. |
2 |
............................................ |
.......................................................... |
3 |
............................................ |
.......................................................... |
4 |
............................................ |
.......................................................... |
5 |
............................................ |
.......................................................... |
6 |
............................................ |
.......................................................... |
7 |
............................................ |
.......................................................... |
8 |
............................................ |
.......................................................... |
9 |
............................................ |
.......................................................... |
10 |
............................................ |
.......................................................... |
11 |
............................................ |
.......................................................... |
12 |
............................................ |
.......................................................... |
13 |
............................................ |
.......................................................... |
14 |
............................................ |
.......................................................... |
15 |
............................................ |
.......................................................... |
1.
Wangsulana
pitakon-pitakon ngisor iki Adhedhasar wacan narasi bab Kabudayan kanthi
irah-irahan Tradisi Suran ing Desa Traji!
1.
Sapa
asmane dhalang sing wiwitan ndhalang ing desa Traji?
.......................................................................................................
2.
Dhalang
mau nyritakake lakon apa?
........................................................................................................
3.
Upah
sing diwenehake wong sing nanggap wayang mau wujude apa?
.......................................................................................................
4.
Apa
pesene sing naggap wayang marang Ki Dhalang mau?
........................................................................................................
5.
Apa
sing ditindakake warga/panitya sadurunge upacara Suran ing
desa Traji?
........................................................................................................
6.
Gunungaan
sing diarak isine wujud apa?
.........................................................................................................
7.
Sapa
sing dipacaki manten ngagem busana keprabon?
......................................................................................................
8.
Arak-arakan
besek lan gunungan iku digawa menyang ngendi?
.......................................................................................................
9.
Wayah
apa upacara arak – arakan iku diwiwiti?
..............................................................................................
10.
Kepriye tanggapanmu bab anane Upacara Suran
ing Desa Traji iku?
..................................................................................................................
0 Comments