Teks cerita wayang Ramayana lakon Resi Jatayu ragam krama.
Resi Jathayu
Jatayu
inggih menika peksi Garuda ingkang sged tata
jalma kados manungsa. Garuda Jatayu menika putra katiga saking Resi
Briswawa, ingkang taksih keturunan langsung saking dewi Brahmanistri, putri
Bathara Brahma. Piyambakipun gadhah sedherek tiga inggih menika, Garuda Harna,
Garuda Brihawan, lan Garuda Sempati. Sawijining dinten Jatayu kaliyan Sampati
sami balapan mabur inggil-inggilan kaliyan wawan rembag : “ Hai Sampati ayo adu
kuwat mabur sadhuwur,dhuwure.” Sampati
mangsuli :” iya Kakang sapa wedi,yen bisa nggayuhasing dideleng gampang nanging
dicekel angel.”Nanging saderengipun kasil nggayuh ingkang dipuntuju
swiwinipun Sampati kobong sengkleh,piyambakipun nylorot tumuju pagunungan
Windya. Sesarengan kaliyan kedadosan
menika Jatayu mireng swantening wanodya
ingkang bengok-bengok nyuwun pitulungan. Wanodya menika pranyata Dewi Sintaputra Raja Dasarata. Pramila
nalika sumerep bilih Dewi Sinta putra saking mitranipun dipuncidra
dening Rahwana, Jathayu enggal-enggal paring tetulung. Kreta kencana
dipuntrajang kemawon lajeng Sinta dipun rebat. Nanging Rahwana nggegegi, boten
nguwalaken, dedreg udreg-udregan, rebatan Shinta wonten ing gegana. Eman, dene
Jathayu kalindhih, dipuntatoni saha dipunajar dening Rahwana. Salah
satunggaling swiwi sengkleh tugel. Taksih megap-megap dipuntendhang, kumleyang
ing awang-awang. Lajeng dhawah ing siti klebekan.
Laju lampahing kretanipun Rahwana nggondhol Shinta. Badanipun Shinta lungkrah boten kanten-kantenan dipunceneng-ceneng kangge rebatan. Sakedhap-sakedhap polah nedya uwal nanging tetep kasikep dening Rahwana ingkang linambaran raos nepsu lan kasmaran dhateng Shinta. Shinta namung saged nangis sesenggukan. Sekar cundhuk, gelang tuwin kalungipun sami dhawah pating kececer. Sinten kemawon boten tegel menawi sumerep kawontenan saha polahipun menapa dene mireng tangis pisambatipun Shinta. Nanging raos menika boten dipungadhahi dening Rahwana.
Dumugi ing Nagari
Alengka, Shinta dipunsumerepi kaendahaning kraton, prabot ingkang sakalangkung
edi peni, mawarni-warni rerenggan, mas, intan, lan barleyan. Nanging sedaya kala wau boten dipun rewes
dening Shinta. Rahwana pengin supados Shinta menika purun dados garwanipun.
Pepenginan menika boten dipungugu, Shinta malah cariyos bilih taksih
piyambakipun taksih enget lan tansah setya dhateng Rama.
Mireng mekaten, Rahwana
muntab nesunipun lajeng paring prentah dhateng raseksi ingkang galak ndrawasi
supados njagi Shinta. Wonten ing wana,
Rama kaliyan Lesmana kaget amarga nalika kondur saking beburu kidang kencana
boten sumerep Shinta. Rama manggihi sekar cundhuk tuwin saperanganing
anggen-anggenipun Shinta manika sami pating kececer. Rama duka sanget amarga
mangertosi bilih sejatosipun Shinta sampun dipunpundhung utawi dipunculik.
Rama kaliyan Lesmana
lajeng madosi Shinta ngantos dumugi wonten ing panggenanipun Jatayu menika
taksih sekarat. Jatayu lajeng nyariosaken lelampahanipun Shinta ingkang dipunplayokaken dening
Rahwana. Sasampunipun paring pitudhuh marang Rama, Jatayu nemahi seda.
Raganipun Jathayu lajeng dipunkremasi dening Rama kaliyan Lesmana. Tiyang kalih
wau lajeng njujug lakunipun Rahwana ngantos dumugi ing Alengka.Wonten ing
Alengka, Rama bungah amarga saged manggihi Shinta kanthi boten kirang setunggal
menapa. Tiyang tetiganipun lajeng budhal saking negari Alengka kanthi slamet. (ilmukesaktian.blogspot.co.id)
0 Comments