1. Nyemak Karangan Eksposisi

Teks eksposisi yaiku teks kang ancas tujuwane kanggo ngusulake panemune pribadi ngenani sawijining bab isine argumen-argumen kang nyengkuyung teks, supaya gampang dimangerteni dening pamaca. Ancas tujuwane kanggo mbabar lan njlentrehake sawijining bab supaya bisa nambahi seserepane pamaca. Ciri-cirine teks eksposisi ing antarane yaiku ringkes, padat, akurat, informatif, fakta minangka kontribusi, lan liya-liyane. Ing ngisor iki conto dengaran karangan eksposisi babagan teknologi. Para siswa bisa mindai tandha QR ing ngisor iki! 


Bausastra;

  1. ngrembaka: berkembang

  2. uwal : ucul

  3. paedah : guna, mumpangat/ manfaat

  4. piranti : alat

  5. saperangan : sebagian

  6. ngadani : nganakake

  7. prabeya : dana, biaya

  8. gamblang : cetha

Saka sumber kang korungokake, banjur wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi ragam krama!

  1. Irah-irahan teks kang korungokake yaiku ………………………………………………..

  2. Ngrembakaning teknologi wis rata ing sakabehing bidhang yaiku ……………………

  3. Manfaat awit ngrembakaning teknologi yaiku …………………………………………..

  4. Salah sijine teknologi lumantar piranti elektronik kang akeh digunakke kanggo administrasi pendidikan kanthi cara online yaiku ………………………………………

  5. Guna paedahe internet ing sajroning pasinaon yaiku …………………………………


  1. Maca Karangan Eksposisi

Ing ngisor iki conto teks eksposisi babagan teknologi.

Kemajuan Teknologi kanggo Uripe Manungsa

Teknologi mujudake salah sijine piranti panyengkuyung kemajuan peradaban manungsa, jalaran manika warna manfaat kang bisa dijupuk saka kemajuan teknologi. Ora mokal yen majune teknologi jaman saiki saya mekar-ngrembaka. Ing saperangan ageng negara ing jagad raya iki ngakoni yen teknologi wis melu urun akeh marang majune panguripaning manungsa, kaya ta bidang ekonomi, pangan, sosial, budaya, pemerintah, lan liya-liyane.

Manika warna bidang pakaryan wis migunakake teknologi kanggo ngrampungake pagaweyan, nggampangake pagaweyan lan bisa rampung kanthi cepet. Kanthi anane handphone lan internet, manungsa bisa andum informasi lan srawung kapan wae, ing endi papan ora winates jarak lan wektu. Bidang perdagangan uga wis nggunakake teknologi, upamane saiki wis akeh online shop lan jasa kirim pesan antar tetedhan, konsumen bisa tuku tanpa kudu mara, kari pilih barang lan pesen. Banjur anggone mbayar uga bisa ditindakake kanthi cara online. Kejaba transaksi lumantar handphone bisa uga lumantar mesin ATM. Bidang jasa uga ora ketinggalan anggone nggunakake teknologi, coba yen dideleng saiki akeh jasa transportasi kang bisa dipesen lumantar online. Transportasi jarak dekat, upamane ojek, taksi, utawa panyewaan mobil pribadi. Nganti layanan tansportasi jarak jauh, upamane pesen tiket motor mabur, sepur, bis kanthi cara online. Ora mung jasa transportasi wae kang bisa dipesen kanthi cara online, yen arep ngenggar-enggar manah uga bisa migunakake jasa pesan hotel kanthi cara online.

Akeh banget manfaate teknologi kanggo uripe manungsa, ora prelu tidha-tidha, suwe-suwe lan angel nindakake kegiyatan. Lumantar teknologi manungsa bisa nindakake kanthi cepet, efisien wektu lan nuwuhake asil kang tumata. Paribasan manungsa wis diuntungake karo kemajuan teknologi. Mula ayo manfaatake kemajuan teknologi iki kanthi bener lan pener.

Sumber :

Kabesut saperlune http://www.ilmusiana.com/2015/08/4-contoh-karangan-teks-eksposisi.html 


  1. Negesi tembung:

Tulis tembung-tembung kang koanggep angel sajroning teks ing dhuwur banjur tegesana (bisa nggunakke kamus/ bausastra)!

1. ………………………………………………………………………………………………..

2. ……………………………………………………………………………………………….. 

3. ………………………………………………………………………………………………..

4. ………………………………………………………………………………………………..

5. ………………………………………………………………………………………………..

6. ………………………………………………………………………………………………..

7. ………………………………………………………………………………………………..

8. ………………………………………………………………………………………………..

9. ………………………………………………………………………………………………..

10. ………………………………………………………………………………………………


  1. Mangsuli pitakonan

Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi ragam krama!

  1. Apa wae manfaat kang bisa dijupuk saka ngrembakaning teknologi?

  Wangsulan: ………………………………………………………………………………

  ……………………………………………………………………………………………..

  1. Piranti teknologi apa kang bisa digunakke kanggo nggampangake pagaweyan lan bisa rampung kanthi cepet?

Wangsulan: …………………………………………………………………………………

 ……………………………………………………………………………………………….

  1. Jinis pagaweyan apa wae miturut teks mungguh ngrembakaning teknologi ing bidang perdagangan?

Wangsulan: …………………………………………………………………………………

 ……………………………………………………………………………………………….

  1. Jinis pagaweyan apa wae miturut teks mungguh ngrembakaning teknologi ing bidang jasa?

Wangsulan: …………………………………………………………………………………

 ……………………………………………………………………………………………….

  1. Kepiye panemumu magayutan karo ngrembakaning teknologi ing sajroning pasinaon?

Wangsulan: …………………………………………………………………………………

 ……………………………………………………………………………………………….