SANDIWARA


   

Sandiwara yaiku nyetakake utawa maragake paraga ana ing sandiwara kuwi dhasare numindakake utawa maragakake watak lan tindak-tanduk pawongan liya.

 B.    Unsur Intrinsik Sandiwara

Unsur-unsur ingkang kasusun ana ing njerone sandiwara yaiku:

1.     Tema yaiku uderaning perkara kang arupa ide dhasar crita, tema sing dianggo ana ing sandiwara dumadi saka bab-bab kerep diprangguli ana bebrayan.

2.     Purusa/Paraga (tokoh) lan watake

a)     Purusa utama yaiku paraga kang paling akeh gegayutane karo paraga liya.

b)    Purusa pambiyatu yaiku parga kang mbiyatu paraga utama.

c)     Watakwatune yaiku ciri-ciri utawa karakter paraga.

3.     Alur (dalaning crita) yaiku urut-urutan lakune crita.

4.     Amanat yaiku pesen moral kang ana ing njerone crita.

5.     Gaya bahasa yaiku tata cara panganggone basa kang bisa awujud dialek, tata ukara lan majas.

 C.    Unsur Ekstrinsik Sandiwara

Unsur ekstrinsik sandiwara jawa yaiku unsur kang ana ing sakjabane karya sastra, ananging unsur samenika gadahi pengaruh ing sistem organisme karya sastra.

 D.    Wujude Sandiwara

1.     Dramatikal yaiku sandiwara kang diparagakake karo saperangan wong utawa paraga kang dibarengi salah bawa.

2.     Pantomin yaiku sandiwara kang diperagakake kaliyan gerak-gerik ananging boten wonten dialog namung wonten musik  lan ekspresi saking rupane lakon.

3.     Komedi yaiku sandiwara kang diperagakake karo geguyonan kang sifate nyindir lan pungkasane seneng-seneng.

4.     Parodi yaiku salah satunggaling wujud dialog antarane naskah saha oposisi (kontras).

 

E.    Sandiwara kudu migatekake babagan ing ngoisor iki:

1.     Nduweni kreasi nalikaning nindakake paraga

2.     Maragakake kanthi wajar ora digawe-gawe

3.     Paraga kang ditindhakake dipadhake kalawan tipe, gaya,34 jiwa lan ancas pementasane.

4.     Paraga kang ditindhakake nganggo periode wektu lan watak.

 

F.    Cara ingkang bisa ditindhakake nalikaning dadi paraga ana sawenehing lakon sandiwara:


1.     Gladen olah watak

2.     Gladen swara

3.     Gladen observasi lan imajinasi

4.     Gladen konsentrasi

5.     Gladen teknik pementasan

6.     Gladen sistem akting

7.     Nglancarake keprigelan lan gladen


         1.     Sandiwara ing ngisor iki diwaos lan diparagakna karo kelompok!

                       

                                                                             JERIT BUBAR MAGRIB

Paraga :

1.Hardiyanto       : Nom-noman sing melu Tentara Pelajar

2.Hendrik            : Komandhan Markas Landa

3.Bapak              : Bapake Hardiyanto

4.Simbok            : Mboke Hardiyanto

5.Daroji              : Centeng / gedibale landa

 

( sidane Hardiyanto mulih. Dheweke sengaja ora nggawa perlengkapan apa-apa kajaba glathi sing tansah sumlempit ing bangkekane. Yen ora kepethuk bakul sing nekakake welinge wong tuwane, mbok menawa wektu ngarepake magrib ngene iki Hardiyanto wis nggabung kanca-kancane, sing arep gerilya. Nanging amarga dikabari mbokne lara, kepeksa Hardiyanto mulih. )

 

Hardiyanto                : ( Sawise ketemu mbokne) “jare lara mbok, kok waras wiris ?

Simbok                     : “Iya, kana cucul-cucul lan ganti dhisik !”

Bapak                       : “Mbokmu kangen banget karo kowe, Har “

Hardiyanto                : “Ngono kok jare simbok lara nemen to Pak. Kamangka saiki iki kahanan lagi gawat. Tenaga lan pikiranku lagi dibutuhake kanggo perjuwangan negakake kamardhikan kang wis dikumandhangake, Pak “

Bapak                       : “Yen ora takakali ngono, tangeh lamun kowe gelem mudhun. Karo meneh apa kowe ki arep terus-terusan blusukan turut alas ?”

Hardiyanto               : “Kersane Bapak ?” (Kaget krungu tembunge bapakne)

Bapak                       : “Perjuanganmu bebasan timun mungsuh duren, Har. Apa pring lancip lan bedhil-bedhil karaten kuwi kuwawa nandhingi Landa sing agegaman lengkap lan modern ?”

Hardiyanto               : (Hardiyanto meneng krungu kandhane bapakne. Ing batin gagap-gagap ya gene bapakne saiki duwe penemu sing kaya ngono. Kamangka nalika dheweke ngabung mbentuk Laskar Tentara Pelajar mbiyen ora ngono. Malah Bapakne paring panjurung lan pandonga. Keprungu swarane mbokne njedhul saka pawon)

Simbok                     : “ Wis rampung kae lho nang mburi. Mangan dhisik !”

                                 (Hardiyanto lan Bapakne tumuju menyang meja mangan.)

Hardiyanto               : “Kok mbeleh pitih barang ta Mbok ?”

Simbok                     : “Pancen nyawisi awakmu. Bareng dikandhani yen sore iki kowe arep teka. Pancen wis bola-bali anggonku melingke supaya kowe mulih”

Hardiyanto               : “Ngono kok jare sampeyan lara”

Simbok                     : “Yen ora ngono kowe mesthi emoh bali. Kuwi delengen awakmu! Nganti ora kopen ketungkul anggonmu mburu kidang sing durung genah papan grumbule?”

Hardiyanto               : “Mburu kidang sing durung genah grumbule ?”

Bapak                       : (nyelani) Wis ah. Mangan dhisik ! Mengko omong-omongan meneh !”

Hardiyanto               : “ Lha iya simbok ki lho, lha jamane kaya ngene kok masak enak-enakan”

Simbok                     : “Iku lak kanugrahan ta Har. Wis sing wareg ! Aku dak gawe kopi”

Simbok                     : “Iki lho Har, wedange !”

Hardiyanto               : (kaget weruh isen-isen sing ana ing dhuwur meja)

                                  “Mbok..., Pak ... ! iki susu lan roti saka ngendi ? Jajanan semene akehe ki saka ngendi?”

Bapak                       : “Mau rak wis dikandhakake mbokmu ta Har, kabeh iki kanugrahan. Mulane kowe tak kon mulih.”

Hardiyanto               : “Kanugrahan ? kanugrahan saka ngendi, Pak ?”

Bapak                       : “Sabar Har ... sabar ! Mau aku rak wis kandha ta, sejatine perjuwanganmu iku bebasan timun mungsuh duren.”

Hardiyanto               : “Dadi Bapak lan Simbok wis kena pangglembuke mungsuh?”

Bapak                       : “Pikiren Har ! Aku wong tuwamu. Sawise saprana-seprene, banjur apa ta hasile kamardikan ? Wiwit jaman Jepang nganti jaman kamardikan, uripe awake dhewe tansah kecingkrangan. Banjur Landa teka maneh. Embokmu saiki wis ora blanja.  Susu, roti, beras, gula, wis telung sasi iki dikirimi Tuan Hendrik.”

Hardiyanto               : “Bapak  ! “(pambengoke Hardiyanto karo nggebrag meja. Atine tambah getem-getem maneh nalika krungu jeneng ‘ Van Hendrik’  Komandhan Markas Landa iku disebut-sebut bapake)

Bapak                       : “Mulane Har, kowe bacik bali wae! Tuan Hendrik bakal menehi kalungguhan marang kowe, yen kowe gelem nyelehake senjatamu. Kaya Daroji kae, saiki dheweke kepenak melu serdhadhu Landa. Lan sing kerep mrene diutus Tuan Hendrik ki ya Daroji kuwi.”

Hardiyanto               : “Bangsat ! Kurang ajar ! Dadi Daroji sing dadi penghiyanat. Yen ngono mesthi dheweke sing mbocorake panyerbuwane kanca-kanca. Mulane  angger –angger  mesthi  gagal.”

Bapak                       : “Wis ta Har ! turutana ta panjalukku iki !

Hardiyanto               : “Pak, jiwa ragaku wis dak lilakake kanggo tumbaling kamardhikan !”

( dumadakan kaprungu swara sepatu, wong telu padha pandeng-pandengan. Swara sepatu keprungu saya cedhak, Hardiyanto tanggap kanthi trengginas dheweke nyaut klambi sing dicanthelake ing cagak banjur mencolot metu saka lawang pawon mburi omah. Ora suwe pating jredhul serdhahu Landa wis mlebu omah nggawa cucuk  laku. Daroji)

Handrik                    : “Endi, Anakmu Hardiyanto he ? Wis teka kaya janjimu dhek wingi ?”

Bapak                       : (gugup) Eh, du ...du...durung te ...teka tuan.”

Hendrik                    : “Durung teka? Ah bohong. Iki cawisane sapa ?”

Bapak                       : “Bener, tuan. Dheweke durung teka. Iki ...iki cawisane dheweke yen mengko teka.”

Hendrik                    : “Kowe ngapusi ya ? Daroji, coba golekana Hardiyanto didhelikake ngendhi !”

Daroji                       : “Lawang pawon sing mburi menga tuan. Ing meja bubar ana sing mangan. Nanging Hardiyanto ora ana, tuan.”

Hendrik                    : Ha...ha...ha dadi kowe ngapusi ya?”

Bapak                       : “Ora tuan, seng lebar mangan iku aku karo bojoku, tuan”

Hendrik                    : ”Bohong !, Kosingidake nang ngendhi anjing-anjing republik kuwi ha?”

Bapak                       : “Be ...(durung rampung anggone mangsuli, dumadakan” pyar” sakabehing isi meja ambyar.)

Hendrik                    : “Kowe anjing republik ngapusi aku ya ?”

                                 (plak ! omong ngono karo nibakake popor bedhil menyang pipine bapake Hardiyanto. Banjur disudukake ing wetenge. Sing wedok miris meruhi kahanan sing kaya ngono kuwi. Ora let suwe keprungu swara pating jledhor dibarengi panjerite mboke Hardiyanto saka  jero  omah kuwi.)