TEKS BERITA


Assalamu'alaikum para siswa kelas VIII...muga-muga pinaringan seahat kabeh y...

Materi ing minggu iki babagan teks berita, mengkone materi DICATHET ING BUKU TUGAS lan tuladha teks berita ing ngisor iki diwaos banjur diayahi pitakonan kang ana magayutan karo wacan!!

DIAYAHI ANA ING BUKU TUGAS, SESUK PTM DIKUMPULAKE!

MATERI

Pawarta

Pawarta yaiku katrangan kang bisa menehi pangerten ngenani sawijining kahanan.

Wujude pawarta : lisan lan tulisan

1.    Lisan bisa digiyarake lumantar radio, TV, speker, bisa uga liwat internet.

2.    Tulisan bisa kaemot ana ing kalawarti, layang kabar, internet, uga ana ing HP

 

Pawarta iku duweni sipat

1.    Faktual ( nyata )

2.    Aktual ( anyar )

3.    Obyektif ( ora mihak)

 Pawarta iku ngemot bab 5W + 1 H, yaiku

1.    What (apa) : pawarta iku ngemot prastawa apa ?

2.    When (Kapan) : Kapan wektu dumadine prastawa ?

3.    Who (sapa) : sapa wae kang ana ing prastawa iku ?

4.    Where ( ing ngendi) : ana ing ngendi dumadine prastawa ?

5.    Why ( kenangapa) : apa kang njalari prastawa iku dumadi ?

6.    How (kepiye) : Kepiye urutan crita (alur) dumadine prastawa iku ?

Berita utawa pawarta/kabar yaiku laporan kedadeyan utawa prastawa kang narik kawigaten lan disiyarake kanthi cepet lumantar media cetak utawa media elektronika, kayata koran, majalah, TV, radio, internet lan media liyane. Sumber pawarta utawa berita yaiku asal-usule pakabaran utawa laporan kedadeyan, bisa saka manungsa utawa prastawa kang dumadi ing wektu iku.

Berita kang disiyarake lumantar media elektonika luwih cepet ditampa dening masyarakat tinimbang berita kang disiyarake lumantar media cetak. Mula masyarakat umume padha nggunakake media elektronika kanggo akses berita. Berita kang sumbere dumadi seka prastawa kang kedadeyan ing wektu iku lan cepet tinampa dening masyarakat diarani berita aktual.

A.        Para siswa, wacanen teks pawarta ing ngisor iki, banjur wangsulana pitakonane kanthi patitis!

WISATA ALAM POSONG KABUPATEN TEMANGGUNG

 Posong dumunung ing desa Tlahap Kecamatan Kledung  Temanggung. Wilayah Posong iki mujudake tlatah lahan pertanian penduduk ing lereng Gunung Sindoro.Wiwit taun 2007 wis ditekani dening plancong ana sing teka saka Jogja, Semarang lan Bandung, sing saka warga Temanggung dhewe durung akeh sing kenal. Mula wiwit  taun 2010  pemerentah Kabupaten Temanggung lewat  masyarakat Desa Tlahab kang dimotori dening  Pecinta Alam Jogokerso lan  Dinas Pariwisata Kabupaten Temanggung wiwit ngenalake/ mromosekake wisata alam Posong. Yen arep tekan lokasi saka kutha Parakan kurang luwih 6 km liwat Tlahap Kledung. Saka Tlahap dalane isih trasahan durung aspal lan bisane mung kanggo liwat mobil siji, lha nalikane ana mobil pethukan salah sijine kudu ngalah minggir lan mandheg dhisik. Wisata Alam Posong  nonton pemandhangan alam kang endah yaiku panorama kang bisa nyawang 6 gunung yaiku: Gunung Sindoro, Gunung Sumbing, Gunung Merapi, Gunung Merbabu, Gunung Andong dan Gunung Ungaran. Menawa ngepasi langit cerah ora mendhung nek esuk bisa nonton kaendahane srengenge jumedhul utawa istilahe sunrise, kang jumedhul saka antarane gunung gunung kasebut. Uga lokasi kang ana ing tengahing lahan pertanian tanpa ana omah penduduk saingga swasana kaya-kaya nyawiji karo alam. Nalika arep munggah Gunung Sindoro mung mbutuhake wektu udakara 3 jam. Ing papan kene wis disedhiyakake 3  pavilion kang amba kanthi pemandhangan asri, WC (water close) lan mushola sarta warung kopi kanthi menu kopi tubruk lan mendhoan / tempe goreng, kang dikelola dening Zuniyanto saka Pecinta Alam Jogokerso. Kanggo mlebu ing papan wisata dikenani ongkos  kontribusi Rp. 5.000,- /uwong lan Rp. 7.500,- kanggo  parkir sepeda motor. Ing  musim liburan iki  pengunjung biasane akeh. Ing wulan Juni 2016 pengunjung kacathet nganti 2.500 uwong.

'image.png' failed to upload. TransportError: There was an error during the transport or processing of this request. Error code = 103, Path = /_/BloggerUi/data/batchexecute


Disiapkake  anjungan/gazebo kanggo pengunjung

Miturut Zuniyanto saka Pecinta Alam Jogokerso kang uga pengelola obyek wisata Posong, tembung  Posong asale saka tembung Pos sing kosong , yaiku bagian saka  epik / cerita perang Pangeran Diponegoro lawan Walanda. Nalika  pasukan Pangeran Diponegoro wis kadhesek ing Magelang lan Temanggung, akeh tentara kang ngedegage pos gerilya ing lereng gunung. Salah sijine ngedegage pos ing lereng  Gunung Sindoro ing ndhuwure  Desa Tlahab. Jalaran pos iki penting banget mula Walanda lan pasukane ngrancang nyerang pos kang ana ing Desa Tlahap. Nalika pasukan Walanda wis nyerang lan ngepung pos kasebut jebul pos wis ditinggalake dening tentara Pangeran Diponegoro  lan pasukan Walanda mung menangi  pos kang kosong, mula dadi jeneng POSONG.

Sakliyane nawakake  pemandangan kang endah, Pecinta Alam Jogokerso uga nawakake  paket wisata ing antarane nginep ing  Posong kanthi sarapan ala Tlahab karo Sega Jagung, outbond ing hutan Perhutani (300 m sak ndhuwure Posong) kanthi 6 permainan, wiwit saka” turun tebing, flaying fox, jembatan Aldewis  lan dolanan kang apik liyane”.Kanthi  tarif Rp. 15.000,-/uwong  per permainan. Kang luwih seru yaiku paket budaya, kanthi suguhan  kesenian Kuda Lumping lan Lengger kang suwene 2 jam, lan biasane penonton bisa kesetrum melu njoget utawa melu nabuh. Kanggo paket budaya biasane kanthi tarif Rp. 1.500.000,-.

 


                                                        Warung kopi Jogorekso


                                                          Dalan nuju anjungan dhuwur


                                                             Dalan nuju area outbond

( Kapethik saka website Temanggung)

1.      Ayo wangsulana pitakonan ing ngisor iki nggunakake basa krama!

1.        Ing ngendi papan dununge Posong

.....................................................................................................................................................................

2.        Kepriye kaanane dalan nuju ing Posong ?

.....................................................................................................................................................................

3.        Apa wae kang bisa ditonton ing Posong?

.....................................................................................................................................................................

4.        Tembung Posong asale saka tembung apa ? kang tegese apa? Critakna kanthi ringkes !

.....................................................................................................................................................................

5.        Paket wisata apa wae kang ditawakake dening Pecinta Alam Jogokerso

.....................................................................................................................................................................

6.        Gunung apa wae kang bisa disawang seka Posong?

………………………………………………………………………………………………………………………

7.        Apa kang diayahi dening Pamarentah Kabupaten Temanggung kanggo ngrembakakake wisata alam Posong?

………………………………………………………………………………………………………………………

8.        Sapa sejatine tokoh Zuniyanto iku?

………………………………………………………………………………………………………………………

9.        Plancong seka dhaerah ngendi wae sing nekani Posong sadurunge warga Temanggung during akeh sing mangerteni anane papan wisata Posong?

………………………………………………………………………………………………………………………

10.    Prastawa  apa  sing diarani sunrise ing Posong iku?

………………………………………………………………………………………………………………………

 

2.      Terangna tegese tembung-tembung ing ngisor iki!

a.        Tlatah

b.       Plancong

c.        Lokasi

d.       Trasahan

e.       Sunrise

f.         Swasana

g.       Nyawiji

h.       Udakara

i.         Pavilion

j.         Kontribusi

k.       Epik

l.         Kadhesek

m.     Ngrancang

n.       Kesetrum

o.       Tarif