Cerita Rakyat
Assalamu'alaikum para siswa kelas VII...muga-muga pinaringan seahat kabeh y...Dumadosipun Dhusun Kandangan
Kraton
Majapait pancen sampun kondhang kaonang-onang. Kraton menika kagungan panguwasa
ingkang linuwih lan nguwasani saindhenging nuswantara, langkung-langkung nalika
Majapahit dipunpandhegani dening Prabu Hayam Wuruk lan patihipun Gajah Mada.
Kedhaton menika linangkung moncer. Patih
Gajah Mada kagungan gegayuhan manunggalaken bumi nuswantara ingkang ageng
sanget. Para prajurit lan punggawa
kraton dipunajari kridhaning peperangan kanthi olah keprajuritan ingkang
ngedab-edabi, saengga kanthi gampang kraton Majapahit ngalahaken
musuh-musuhipun.
Wonten
salah satunggaling prajurit Kraton Majapahit ingkang asmanipun Ki Sami. Ki sami
menika kalebet prajurit ingkang ndherek melar-melaraken wewengkon ngantos
Temanggung. Ing sawijining dinten nalika Ki Sami rumaos kesel anggenipun
tindak, Ki Sami ngaso sekedhap ing ngandhapipun wit ingkang ageng sanget, malah
kepara lajeng kebablasen ngantos dipuntilar kaliyan prajurit ingkang sanesipun.
Ki Sami: “lho, kanca-kancaku
ngendi......Prajurit....Prajurit.....aku aja ditinggal dhewe!”
Sasampunipun
Ki Sami dipuntilar kaliyan rombongan prajurit Kraton Majapahit lajeng
piyambakipun teras mawon tindak piyambakan kanthi pangajab kepanggih kaliyan
kanca ingkang saged ngancani mlampah, syukur-syukur dados brayatipun. Menapa
ingkang dados pangangen-angenipun Ki Sami dados kanyatan. Ki Sami kepanggih
kaliyan priyantun ingkang ayu sanget. Tindak-tandukipun sae. Lajeng priyantun
menika ingkang dados garwanipun Ki Sami.
Ki Sami
:”Dhiajeng, sliramu pancen ayu tenan, jan aku ora rugi dadi garwamu.”
Nyi sami :”Alah... Kangmas menika, saged kemawon.”
Ki Sami :”Tenan
kok.”
Nyi Sami :”Ampun goroh lho Mas...”
Ki Sami :”Ora,
aku tenan iki.”
Nyi sami :”Ampun ngaten lah Mas.”
Ki Sami :”Aku
ora ngapusi Dhik, aku tresna marang awakmu.”
Nyi Sami :”Alah Kangmas niku senenge kok nggombal mukiya.”
Ki
Sami lan Nyi Sami sami emah-emah wonten salah satunggaling wewengkon ingkang
taksih sekedhik warganipun. Sanajan warganipun sekedhik kahananipun warga ing
sakiwa tengenipun kemproh sanget. Kewan, pawon lan sanes-sanesipun dados
setunggal, campur adhuk morak-marik. Sedaya wau dados sumpekipun dhusun lan
damel ambet ingkang mboten sekeca. Adhedhasar kahanan menika Ki Sami wicantenan
kaliyan garwanipun madosi cara supados dhusun menika sae dipunpirsani lan
gandanipun wangi.
Ki Sami :”Nyai,
yen aku ndelokake dhusun iki rasane risi.”
Nyi Sami :”Lha kados pundi ta Kangmas.”
Ki Sami :”Kewan,
manungsa, panganan, dadi siji. Crobo banget, kemproh banget ta.”
Nyi Sami :”Inggih Kangmas, kula inggih rumaos kados mekaten, nanging
nggih kados pundi malih wong kahananipun
kados mekaten kok.”
Ki Sami :”Nyai,
priye yen kewan, pawon, manungsa mau ora dicampur adhuk kaya ngono iku, ben ora
risi ngono iku karepe.”
Nyi
Sami :”Didhewek-dhewekake
kados pundi ta Kangmas?”
Ki Sami :”Ing
dhaerah kene akeh pring ta Nyi?”
Nyi Sami :”Inggih, lajeng....?”
Ki Sami :”lha,
saka pring mau banjur digawe kandhang. Pitik dilumpukake karo pitik didadekake
sakandhang, enthok kumpul karo enthok ya didadekake sakandhang. Mengko
kandhange iki diwenehake ing mburi omah, dadi ora nyepeti lan ngambon-amboni
omah ngarep.”
Nyi Sami :”Wah kula sarujuk Kangmas, lajeng kapan menika badhe
dipuntindakaken?”
Ki Sami :”Ya.....ya
wis yen ngono coba sesuk tak rembugan karo warga ing kene.”
Nyi Sami :”Inggih Kangmas.”
Ing wanci enjing, Ki Sami ingkang
dipunkancani garwanipun, pirembagan kaliyan warga dhusun, babagan perkawis kandhang menika.
Ki Sami :”Sedulur-sedulurku,
enyong njaluk wektune sadhela. Enyong kok duwe pamikiran murih apike dhusun
iki. Yen dirasa-rasakake apa sampeyan-sampeyan ora sumpek, ora risi yen nonton
kiwa tengen, awake dhewe campur karo kewan. Manungsa, panganan lan kewan dadi
siji, mbelek, tlepong, mendhil, ana ing endi-endi. Rumangsa risi ta? Lha enyong
duwe panemu, kepriye yen kewan iki digawekake papan dhewe-dhewe. Pagere nganggo
pring utawa kayu. Kaya kandhang ngono
kuwi lho!
Warga :”kula
sarujuk...”
Ki Sami :”Lha
priye karo sing liyane, padha setuju apa ora?”
Warga :”sarujuuuk...”
Ki Sami :”Yen
sarujuk ayo saiki gugur gunung gawe kandhang!”
Sedaya sami gugur gunung gawe kandhang.
Sedaya kewan dipunkempalaken lan dipundamelaken kandhang miturut jinising
piyambak-piyambak. Semanten ugi kaliyan
Ki Sami iingkang katon sumringah ndamelaken kandhang kagem ingah-ingahanipun,
kalebet turangga ingah-ingahan katresnanipun.
Kandhang sampun
dipundamel sedaya, dhusun menika katon sae sanget.
Warga 1 :”Dene dhusun iki bisa resik ya Yu!”
Warga 2 :”Iya.., enyong dadi krasan urip ing
dhusun iki. Leres ta Nyi Sami?”
Nyi Sami :”Inggih..., sedanten menika leres,
dhusun menika dadoa endah boten mambet kados wingi.”
Warga 1 :”Leres sanget Nyi Sami, jan saiki
katon endah banget dhusun iki.”
Warga 2 :”Iya Yu, mbelek, tlepong, mendhil wis
ora kececer ing kene kono. Jan resik tenan iki
dhusun.
Warga 1 :” Yu, kabeh iki amarga saka
kapinterane Ki Sami lan Nyi Sami. Mulane warga ing kene kudu matur nuwun marang
Ki Sami Lan Nyi Sami.
Warga 2 :”Ya iya mesthi iku.”
................
Ki Sami :”Nyi, weruh jaranku apa ora?”
Nyi Sami :”Napa... boten..., lha cobi
dipunpriksani wonten kandhang.
Ki Sami :”Ora ana, kandhange ora kuncenan.”
Nyi Sami :”Lha dalah...lajeng jaranipun ucul
ngaten?”
Ki Sami :”Iya Nyi.”
Nyi Sami :”Lha kok mboten dipunkancing menika
kados pundi to?”
Ki Sami :”Aku lali ngunci kandhange.”
Nyi Sami :”Nggih
sampun! Mangga sami dipunpadosi!”
.................
Ki Sami :”Adhuh Nyi...., jaranku mlebu
sumur, adhuh jaranku..., jaranku...., jaranku.....
Nyi sami :”Nggih sampun, ampun nggresula kados
mekaten kangmas!’
Ki Sami nangis
ngguguk ngantos warga dhusun menika ndherek sedhih. Warga dhusun lajeng sami
mbiyantu Ki Sami, mendhem bathang turangga menika kanthi ngurug lemah lan
ngratakaken sumur menika.
Kedadeyan menika
damel pasinaonan ki Sami lan warga dhusun supados boten kesupen ngancing
kandhangipun. Jalaran saking kedadeyan menika, saben sonten Ki sami ngubengi
dhusun saperlu ngemutaken ampun kesupen ngunci kandhang.”
Ki Sami :”Kandhange...kandhange.......kandhange
aja lali lho...kandhange...”
Amargi saking apalipun
warga kalih ngendikanipun Ki Sami, dhusun menika sinebat kaliyan jeneng “Dhusun Kandhangan” ngantos samenika.
1.
Tembung-tembung
ing ngisor iki golekana tegese!
a. kondang-kaonang-onang :
b. linuwih :
c. saindhenging :
d. pandhegani :
e. moncer :
f. gegayuhan :
g. punggawa :
h. olah keprajuritan :
i. ngedhap-edhapi :
j. melar-melaraken :
k. wewengkon :
l. pangajab :
m. brayatipun :
n. garwanipun :
o. goroh :
p. kemproh :
q. gandanipun :
r. sarujuk :
s. gugur gunung :
t. sumringah :
u. turangga :
v. ingah-ingahan :
w. nggresula :
x. dipuntilar :
y. emah-emah :
2.
Wangsulana
pitakonan ing ngisor iki nggunakake basa krama kanthi patitis!
1. Punapa
irah-irahanipun cariyos rakyat ingkang sampun kaandharaken.....
2. Ki Sami
punika salah satunggaling prajurit saking Kraton....
3. Ki Sami
punika tetindakan piyambak wonten ing tengah wana amargi....
4. Kahanannipun
dhusun Kandangan punika reged lan....
5. Pangangen-angennipun
Ki Sami damel murih saenipun dhusun, inggih punika damel....
6. Kahanannipun
dhusun Kandangan sasampunipun ngawontenaken gugur gunung, inggih punika resik
lan....
7. Ingah-ingah
ingkang sanget dipuntresnani Ki Sami, inggih punika....
8. Ki Sami
saben sonten ngubengi dhusun amargi kemutan kedadeyan....
9. Watakipun Ki
Sami kendel lan....
10. Dipunsebat
dhusun Kandangan amargi warga....
3.
Cobi
sapunika saben siswa nyerat malih kanthi ringkes cariyos rakyat ingkang sampun
dipunandharaken ngginakaken basa krama ingkang trep!(DIAYAHI ING SEKOLAHAN)

0 Comments