Assalamu'alaikum para siswa kelas VII...muga-muga pinaringan seahat kabeh y...
Panjurung (
Motivasi ) DIWAOS!!
Ayo padha nyinau
cerita rakyat saka Temanggung. Crita rakyat kang
sumebar saindhenging Kabupaten Temanggung iku minangka aset lan khazanah budaya.
Tuladhane: Pitik Cemani, dumadine desa Kandangan, Sumur Blandung, Curug
Suradipa, Posong lan isih akeh maneh liyane. Crita rakyat sumbere ora cetha,
mung asipat lesan utawa lumantar tutur saka critane wiwit leluhur jaman biyen.
Mula bener lan orane ora usah diperkarake. Kita wajib syukur
marang Gusti Allah sing wis maringi
kanugrahan wujud crita rakyat mligine ing Tlatah
Temanggung, amargi iki minangka aset lan khazanah budaya ing Kabupaten Temanggung.
MATERI PASINAON (DICATHET ING BUKU TUGAS)
Dongeng mujudake
crita tradisonal utawa crita kang dicritakake lumantar tutur saka leluhur
(nenek moyang).
Dongeng
kaperang dadi 7, yaiku:
1. Legenda yaiku crita rakyat saemper mite, nanging kang
diceritakake manungsa kang nduweni kasekten/kaluwihan lan umume gegayutan karo
dumadine papan panggonan.
2. Mite yaiku dongeng kang nyritakake babagan gaib kaya dene
crita bab dewa, peri lan sapiturute.
3. Sage yaiku crita dongeng babagan kepahlawanan, kadigdayan lan
kasekten kayadene crita dongeng kasektene Patih Gajah Mada.
4. Fabel yaiku dongeng paragane kewan kang bisa wicara kaya-kaya duweni watak
kayadene manungsa.
5. Crita
jenaka yaiku crita kang mekar ngrembaka sjroning
bebrayan agung (masyarakat) asifat
geguyon (komedi) kang bisa nuwuhake rasa seneng lan lucu.
6. Crita
panglipur yaiku cerita kang padatan duweni ancas
tujuwan kanggo nglipur marang para tamu ing sajroning pasewakan utawa
pasamuwan, lan kang menehi carita
biasane wong kang pinter ing babagan carita kayadene dhalang ing pagelaran
wayang.
7. Crita
perumpamaan yaiku dongeng kang isine kiasan/ibarat , pitutur luhur asipat
paring panggulawenthah. Tuladhane Crita “Wong sugih nanging pelit”
PITIK CEMANI
Miturut critane, sajatine anane pitik cemani kuwi ora disengaja.
Sadurunge laire kutha Temanggung, ana pertapa sakti sing jenenge Ki Ageng
Makukuhan. Ki Ageng seneng banget karo pitik sing rupane ireng kabeh, mung cangkeme sing warnane putih. Sing duwe pitik
kuwi mung Ki Ageng Makukuhan pertapa sing ngembara nganti tekan ngendi-endi
banjur bali menyang desa kelairane yaiku Desa Kedu lan netep ing desa kuwi
amarga kepengin ngilangi utawa nyuluhake warga Desa Kedu supaya adoh saka
dhukun lan adoh saka santhet. Anggone Ki Ageng
Makukuhan oleh pitik kuwi amarga dheweke sregep tapa lan tirakatan saben wayah
wengi. Nalika mangsane wong-wong padha turu bengi, Ki Ageng Makukuhan malah
ngakehi melek ing wayah wengi.
Ki Ageng Makukuhan ing dhaerah Kedu wis duwe jeneng amarga dheweke duwe watak kang welas asih, lan
luhur budi pekertine. Ki Ageng yen dijaluki tulung karo wong-wong ora tau
njaluk upah utawa balesan. Ki Ageng wis wanti-wanti warga yen menehi pitulungan
kuwi aja padha njaluk balesan, nanging warga desa padha ora nggubris
ngendikane Ki Ageng.
Saben dinane Ki Ageng nindakake sholat, ora nate telat lan dadi panutane
warga desa ing kana. Saben malem Jemuwah Ki Ageng Makukuhan semedi
ing kuburan keramat ana dhaerah Kedu sing isih akeh kuburan keramat. Nalika Ki
Ageng Makukuhan semedi ing kuburan keramat sing biasane, Ki Ageng diwenehi wangsit
yen dikongkon ngobati penyakit anak Panembahan Harga Pikukuh sing jenenge
Lintang Katon nganggo pitik sing diduweni kuwi. Ki Ageng Makukuhan lan Ki Ageng
ora oleh ninggalake omahe Harga Pikukuh yen Lintang Katon durung mari. Banjur
Ki Ageng mangkat menyang omahe Panembahan Pikukuh. Satekane kana lan kepethuk
Lintang Katon. Mbuh kepiye carane Ki Ageng nambani Lintang Katon, wusanane
penyakit sing diduweni anak siji-sijine Panembahan Harga Pikukuh mari. Nanging
ana pertapa sing budine elek sing jenenge Ki Darjo sengit karo Ki Ageng amarga
Ki Ageng wis nambani santhet sing dikirim kanggo Lintang Katon.
Ki Darjo ngrasa yen dheweke disaingi lan dheweke wis
ditinggalake dening para warga amarga warga wis ora tau njaluk pitulungan
marang Ki Darjo. Ki Darjo sambat amarga warga kene ora ngelingi biyen yen ana
wong lara, para warga ing desa kene padha njaluk tulung karo Ki Darjo, nanging
saiki warga wis nglalekake budine Ki Darjo. Amarga sekti lan ngerti apa kerepe
Ki Darjo kang elek, Ki Ageng banjur lunga tapa ing makam keramat sing biasane.
Banjur Ki Ageng entuk wangsit yen kon ngawenake pitik sing diduweni karo pitik
sing warnane ireng kabeh supaya bisa gawe tamba lara. Ing pertapane Ki Darjo,
dheweke nduweni pikiran yen arep mateni Ki Ageng Makukuhan, banjur Ki Darjo
ngirim lelembut kanggo nyerang lan mateni Ki Ageng Makukuhan. Ana ing pertapane
Ki Ageng, lelembut kuwi mau banjur nyerang lan mateni Ki Ageng Makukuhan. Ki
Darjo banjur lega atine amarga dheweke wis ora krasa disaingi meneh. Banjur Ki
Darjo nyolong pitike Ki Ageng lan dikurung ana ing pertapane supaya ora bisa
nilikki warga desa meneh.
Esuke
murid Ki Ageng Makukuhan nalika nilikki makam ibune amarga arep ngirim donga,
nemokake Ki Ageng Makukuhan ngglethak ana ing salah sijine
pakuburan ing kono. Dheweke banjur ngerti yen Ki Ageng Makukuhan wis ora ana.
Muride Ki Ageng sing jenenge Sela Amba banjur nggawa mayite Ki Ageng manggon
ing omah sadurunge dikubur. Sawise tekan omah, banjur mayite Ki Ageng
dikuburake ana ing pakuburan keramat. Ragane Ki Ageng mlebu ana ing pitik sing
dicolong Ki Darja banjur ngilang lan ragane Ki Ageng nggawa pitik mau ing
omahe. Ki Darja marani pitik ning omahe Sela Amba banjur pitik kuwi arep
dijaluk peksa, nanging ditanggepi karo Sela Amba. Banjur ing kono Sela Amba perang
karo Ki Darjo. Amarga Sela duwe kesaktian sing diwenehi Ki Ageng Makukuhan,
dheweke menang nglawan Ki Darjo. Ki Darjo banjur mati.
Sawise
perang uripe warga kampung tentrem amarga ora ana santhet saka Ki Darjo meneh.
Sabubare kuwi Sela Amba entuk impen-impen saka Ki Ageng Makukuhan supaya
ngawenake pitike karo pitik sing wernane cemeng kabeh tanpa warna liyane.
Banjur dheweke bali saka omahe Ki Ageng Makukuhan menyang kampung ing
desane(Kedu) kanggo nyanggupi impen-impenene. Banjur pitik ireng sing diduweni
Ki Ageng mau dikawenake karo pitik ireng biasa, nanging kasile malah dadi pitik
sing warnane ireng total lan beda karo babone. Dadine Pitik Kedu warnane
ireng , cangkeme putih. Nanging amarga saiki warnane ireng total terus
dijenengi Pitik Cemani.
Banjur
pitik sing warnane ireng senengane Ki Ageng Makukuhan didadekke lambang
kesehatan ing dhaerah Kedu. Nalika Ki Ageng Makukuhan tinggal, banjur
digawekake makam sing diajeni masyarakat Kedu. Wiwit cangkem, wulu, sikil,
taji, nganti cengger wernane ireng kabeh. Yen disembelih daginge warnane
ireng,semono uga balunge. Iki sing diarani Pitik Cemani sing asale saka Kedu
Temanggung. Pitik ireng sing dijenengi pitik Kedu iki biasane digunakke kanggo
upacara ritual. Upamane upacara pelarungan, ruwatan, lan kanggo
mbangun gedhung utawa pabrik. Ora mung kuwi paedahe pitik cemani. Pitik cemani
biasane digunakake kanggo syarat gawe ngobati wong lara. Yaiku kanggo ngobati
lara kang aneh utawa lara jero. Kadhang kala uga kanggo ngobati lara sing
disebabake santhet.
Sumber : http://sastra-jawa007.blogspot.com/2009/05/pitik-cemani.html
diakses Senin, 16
Juni 2014 pukul 17.00 WIB
Mesthine kowe wis bisa ngerti pokok-pokok isine crita kasebut. saiki tulisen pokok-pokok isine crita rakyat kasebut ING BUKU TUGAS!
0 Comments