PUPUH PANGKUR
Assalamu'alaikum warah matullohi wabarakatuh..
kepriye anak-anakku kang tansah cinaket ing manah
bu Afi ngelingake penilaian harian 1 sing durung digarap supaya engal digarap ya....
Materi minggu iki babagan serat wulangreh pupuh Gambuh mengkone materi dicathet ana ing buku tugas difoto banjur diupload ing form kang tak cawisake y....
MATERI
PASINAON :
Akeh banget Serat-Serat
Jawi tinggalane para leluhur kang isi piwulang utama, ngemot pitutur pitedah
kang pantes tinuladha, minangka gegaran paugeraning ngaurip. Semono uga Serat Wulangreh uga ngemot kaya
kang wis kaandharake ing ndhuwur, ananging Serat Wulangreh dhapukaning basane
lumrah, tetembungane wantah, prasaja lugu, ya saka prasaja lan lugune mau
sarining isine malah ketok cetha, gampang dingerteni lan ditampa, kamangka
isine tetep adi luhung.
Awit saka iku ora nama
maneh menawa ing jagad kajawen Serat Wulangreh iku kondhang banget. Akeh
perangan-perangan kang dadi apalane wong-wong, kanggo ura-ura ing wanci
senggang, kanggo rembugan ing pajagongan, kanggo wacan ing dina-dina tartamtu,
kanggo barengi tabuhan slawatan larasmadya, lan liya-liyane. Isine sumebar
sumrambah banget, jer isine aos lan mentes pantes dadi rengrengan palaning
ngaurip.
Mula awit akeh guna
paedah kanggone wong ngaurip, ing
pasinaon iki bakal diwulangake babagan Serat Wulangreh pupuh Pangkur kang isine
bab tatakrama, kanthi lelambaran prabot: deduga, prayoga, watara lan reringa;
bedane awon lan sae, lan carane neniteni wewataking manungsa. Nanging sadurunge
kajlenterehake babagan isine kudu ngerteni dhisik babangan paugerane tembang
macapat pangkur. Tembang Pangkur kalebu jinise tembang
macapat. Tembang Macapat nduweni paugeran guru gatra, guru wilangan lan guru
lagu.
Tegese guru gatra, guru wilangan lan guru lagu, yaiku.
a.
Guru gatra
yaiku cacahing larik saben sapada (satu
bait)
Guru gatra tembang Pangkur yaiku
ana 7 gatra
b.
Guru wilangan
yaiku cacahing wanda (suku kata)
saben sagatra (satu larik).
Guru wilangan tembang Pangkur
yaiku 8, 11, 8, 7,12, 8, 8. Gatra kapisan dumadi saka 8 wanda, gatra kapindho
dumadi saka 11 wanda, lan gatra-gatra sabanjure uga mengkono
c.
Guru lagu
yaiku tibaning aksara swara ing pungkasan gatra
Guru lagu tembang Pangkur yaiku
a, i, u, a, u, a,i. Tegese gatra kapisan kudu dipungkasi ngganggo swara urip (huruf vokal) “a”, gatra kapindho
dipungkasi swara “i”, lan gatra-gatra sabanjure uga kaya mengkono.
Watake tembang Pangkur yaiku awatak sereng. kanggo ing carita sing
ngemu surasa sereng, sajak gregeten. Yen pitutur, ya pitutur sing sereng semu
srengen; yen gandrung, ya gandrung sing sereng, gandrung-gandrung kapirangu.
Lumrah uga kanggo carita ing perang.
Wulang Reh utawa Serat Wulangreh yaiku
kasusastran awujud tembang macapat yasan Sri Susuhunan Pakubuwana IV, Raja Surakarta,
kang wiyos nalika surya 2 September 1768. panjenengane jumeneng wiwit 29 November 1788 nganti tekan sedane surya 1 Oktober 1820.
Wulang ateges
pitutur, Reh ateges warna-warna. Wulangreh ateges piwulang kang isine pitutur
warna-warna.
KANGGO UPLOAD FOTO CATHETAN KLIK --->BUKA

0 Comments