SERAT WULANGREH DHANDHANGGULA
Assalamu'alaikum wr.wb
Para siswa kls 9 kang tak tresanani...iki materi mimggu iki....
1. MATERI DITULIS ANA ING BUKU TUGAS
2.PERTANYAAN DIAYAHI ANA ING FOLIO
Serat Wulangreh iku
buku kang isine tembang macapat anggitanipun sri Susuhunan Pakubuwana IV taun
1741 Masehi. Tembung Wulangreh nduweni teges wulang tegese ajar / pitutur. Dene
reh nduweni teges tingkah laku. Dadi tembung Wulangreh bisa ditegesi piwulang
babagan tingkah lakune manungsa supaya uripe tentrem.
Serat Wulangreh dumadi
saka 13 pupuh tembang. Pupuh iku kumpulane pada tembang kang padha. Dene pupuh ing Serat Wulangreh
yaiku:
Dhandhanggula : 8 pada Wirangrong : 21 Pada
Kinanthi : 16 Pada Pocung : 23 Pada
Gambuh : 17 Pada Mijil : 26 Pada
Pangkur : 17 Pada Asmaradana : 28 Pada
Maskumambang : 34 Pada Sinom : 33 Pada
Megatruh : 17 Pada Girisa : 25 Pada
Durma : 12 Pada
Saka 13 pupuh ing
ndhuwur ing wulangan iki arep dirembug pupuh sepisan yaiku Dhadhanggula. Kaya
tembang macapat liyane, Tembang Dhandhanggula uga kaiket dening pathokan
tembang macapat yaiku guru gatra,guru wilangan ,uga guru lagu.
Guru Gatra : cacahing
gatra, larik
utawa baris saben sapada tembang.
Guru wilangan : cacahing wanda ( suku kata ) saben sagatra ( salarik).
Guru lagu : uga
diarani dhongdhinging swara
,yaiku tibaning aksara swara urip (vokal.a, i, u, e, o)
ing saben pungkasaning gatra tembang.
A.
MATERI
TAMBAHAN
1.
Seselan
Um/ rimbag bawa ma
Tuladha
: aum +
tuju = tumuju
aum + riyin = rumiyin
aum +
sanak = sumanak
Ukara iki setitekna !
1. Sukir
dakundang ora sumaur.
2. Barisan wadyabala Pandhawa budhal lumampah tumuju alon-a
3. Yatna tangkepipun dhateng kanca sumanak.
1.
Paramasastra
Tuladha : - Narti diundang
Pak Jana bab PR
mau. ( luput )
- Narti ditimbali Pak Jana bab
PR mau ( bener )
Ukara ing
ngisor iki benerna kaya
tuladha ! (ING KERTAS FOLIO)
1. Siti njaluk
dhuwit ibu.
jawab ...................................................................................................................................
2. Simbah
lagi turu ana ing
kursi ngarep omah.
jawab ...................................................................................................................................
3. Kandhaa
bapak, mengko arep lunga
kondangan apa
ora .
jawab :
...................................................................................................................................
4. Yen
arep lelungan becike njaluk pamit
Ibu.
jawab :
...................................................................................................................................
5. Bu
Cakra lungguh dhewekan.
jawab :
...................................................................................................................................
6. Pak Camat
yen lunga menyang
kantor numpak mobil.
jawab :
...................................................................................................................................
7. Bu Tantilagi
nyrengeni bocah-bocah
kelas 9 B amarga
kelase reged.
jawab :
...................................................................................................................................
8. Pak , Embah
anggone teka mrene
jam pira ?
jawab :
...................................................................................................................................
9. Pak Wanta
lunga menyang Candhirata , Anto ngeterake
.
jawab :
...................................................................................................................................
10. Pak Guru
weruh yen kowe
mau mbolos.
jawab : ..............................................................................................................
(ING KERTAS FOLIO)




0 Comments