PUPUH DHANDHANGGULA
Assalamu'alaikum wr.wb
1. Basa Rinengga.
· Basa Rinengga uga diarani basa pajangan, basa pacakan, basa bregasan.
· Basa rinengga mesthi wae ngemu rasa kaendahan, kaendahaning basa.
· Basa kang endah ora ateges kudu angel disurasa tegese.
Carane ngrengga basa kayata :
1. Sarana dikandhakake kanthi cara liya utawa nganggo ukara liya sing karepe padha.
2. Diganti tetembungan sawetara nganggo tenmbung kawi, supaya katon bregas.
Tuladha : tembung kudu iku tembung lumrah,
bisa diganti nganggo tembung liya : tan kena ora
2. Ukara Camboran.
yaiku ukara kang dumadi saka saklausa utawa luwih, sapokok pikiran utawa luwih. Ukara camboran nduweni wasesa luwih saka siji.
Tuladha :
Swandaru ora mlebu sekolah , amarga ibune lara nemen.
Ukara iki kedadean saka rong ukara, rong pokok pikiran utawa rong klausa yaiku :
1. Suwandaru ora mlebu sekolah.
2. ibune lara nemen.
Ukara iku duwe sesambungan surasa ( makna ) : akibat sebab.
Suwandaru ora mlebu sekolah ( akibat ), ibune lara nemen ( sebab )
Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki!
1. Wit ringine ambruk awit angine gedhe banget.
( sesambungan surasa : akibat - sebab. )
2. Bocah kuwi kesed sinau mula ora munggah kelas.
( sesambungan surasa : sebab - akibat )
3. Kabeh kancaku teka, mung kowe sing ora teka.
( sesambungan surasa : umum – kusus )
4. saben dina omahe dipel kareben katon resik .
( sesambungan surasa : sarana tujuan )
Coba gatekna ukara ukara iki banjur aranana kalebu sesambungan surasa sing endi ?
1. Tanduran lombok, terong lan bayem kae saben dina kudu disirami,supaya ora alum.
( sesambungan surasa : ........................................................................................................................)
2. Dheweke ora tau nesu, kajaba yen diina.
( sesambungan surasa : ........................................................................................................................)
3. Agung Sedayu gampang nampa wulangane gurune, awit yen diterangake dheweke ora tau guyon.
( sesambungan surasa : ........................................................................................................................)
4. Jam sanga Rini wis turu supaya sesuk ora kerinan.
( sesambungan surasa : ........................................................................................................................)
5. Jalaran senengane goroh, dheweke saiki ora dipercaya kancane.
( sesambungan surasa : ........................................................................................................................)
6. Aku mau kecopetan ana ing sepur dadi aku ora bisa tuku oleh-oleh.
( sesambungan surasa : ........................................................................................................................)
7. Aku bali banjur turu wong wis krasa ngantuk
( sesambungan surasa : ........................................................................................................................)
8. Murih slamet lakumu, kowe kudu ngati-ati.
( sesambungan surasa : ........................................................................................................................)
9. Fajar anggone mangan ora ukuran akehe banjur saiki lara wetenge.
( sesambungan surasa : ........................................................................................................................)
10. Saben mangkat sekolah Rini mesthi nggawa payung menawa udan supaya ora teles sragam lan bukune.
( sesambungan surasa : ...............................................................................................................




0 Comments