Assaamu'alaikum warah matullahi wabarokatuh
kepriye kabare?
muga-muga sehat kabeh ya ...
Selamat kanggo anak-anakku kabeh sampeyan saiki wis munggah kelas IX
Kudu bisa tambah semangat amarga taun iki kanggo menentukan kelulusan sing mesthi kudu tambah dewasa.
Sanajan sekolah durung bisa tatap muka ananging sampeyan kabeh kudu tetep sregep sekolah online
lan tetep sabar y ...
Nah...anak-anakku kabeh...iki Bu Afi maringake rancangan materi kanggo sasemerter ganjil iki,
semangat dipelajari y...
Kanggo wulangan 1 materi pelajaran babagan Teks cerita Ramayana (Anoman Duta)
Ana ing bab iki mengkone Bu Afi nyawisi teks cerita Ramayana (Anoman Duta) lan mengkone sampeyan kabeh kudu bisa
a.Nggoleki tembung kang angel banjur goleki tegese
b.Mangsuli pitakonan saka wacan
c. Nyebutake nilai luhur lan pitutur seka wacan cerita Ramayana ( Anoman Duta)
Bisa disinaoni ana ing buku paket utawa materi sing tak paringke lumantar online ya ...
Nah ... ana ing piwulangan iki sampeyan kabeh uga aja aras-arasen bukak buku ... malah kepara bisa bukak you tobe ya .... nik wis kulina krungu bisa ndadekke laras atine ... sanajan tetep kudu aja lali ngibadah marang kang kuwasa ...
Piwulangan iki menkone bisaa
a. Nganalisa seka paugeran tembang Macapat kaya ta guru gatra,guru wilangan, guru lagu
b. Nggoleki tembung-tembung kang angel lan nggoleki teges tembunge
c. Banjur nulis pokok-pokok saka isi teks piwulang Serat Wulangreh pupuh Dhandanggula mau
Wulangan 3 babagan menelaah teks Sandiwara
Ing piwulangan babagan teks Sandiwara samengkone Bu Afi cawisake sabanjure sampyan kabeh kudu bisa
a. Nyebutake tembung-tembung kang angel
b. Negesi tembung kang angel saka teks Sandiwara
c. Mangsuli pitakonan saka teks Sandiwara
d. Nulisake isi dialog teks sandiwara migunakake basa krama
Wulangan 4 babagan Teks Deskripsi babagan upacara adat
Ana ing piwulangan 4 iki meh padha ana ing wulangan kang wis disinaoni ...
a. Sampeyan kabeh negesi tembung-tembung kang angel ... yen kangelan bisa goleki ana ing kamus Basa Jawa
b. Banjur ngerteni pokok-pokok isi teks deskripsi babgan upacara adat ya ... mesthi wae tetep kudu maca teks deskripsi babgan upacara adat kang dicawisake Bu Afi ...
c. Mangsuli pitakonan saka teks deskripsi babagan upacara adat kang isine pesen kanggo wong liya
Okeyyyy .... bisa ya ....
Ya wis semene dhisik ya...aja lali tetep BAHAGIA... patuhi prokes... lan ngibadah miturut kepercayan sowang-sowang( masing-masing)
jaga IMUN dengan IMAN
Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh


0 Comments