Assaamu'alaikum warah matullahi wabarokatuh
kepriye kabare?
muga-muga sehat kabeh ya ...
Selamat kanggo anak-anakku kabeh sampyan saiki wis munggah kelas VIII
Kudu bisa tambah dewasa y...
Sanajan sekolah durung bisa tatap muka ananging sampeyan kabeh kudu tetep semangat..
lan tetep sabar y ...
Nah...anak-anakku kabeh...iki Bu Afi maringake rancangan materi kanggo sasemerter ganjil iki,
semangat dipelajari y...
Kanggo wulangan 1 materi pelajaran babagan Teks cerita legenda
Ana ing bab iki mengkone Bu Afi nyawisi teks legenda candi prambanan sampeyan kabeh ngerteni apa kui legenda lan jinise cerita
a.Nggoleki tembung kang angel banjur goleki tegese
b.Bisa nyeritakake isi legenda
c. Nyebutake nilai luhur lan pitutur seka legenda
Bisa disinaoni ana ing buku paket utawa materi sing tak paringke lumantar online ya ...
Nah ... ana ing piwulangan iki sampeyan kabeh uga aja aras-arasen bukak buku ... malah kepara bisa bukak you tobe ya .... nik wis kulina krungu bisa ndadekke laras atine ... sanajan tetep kudu aja lali ngibadah marang kang kuwasa ...
Piwulangan iki menkone bisaa
a. Nganalisa seka paugeran tembang Macapat kaya ta guru gatra,guru wilangan, guru lagu
b. Nggoleki tembung-tembung kang angel lan nggoleki teges tembunge
c. Banjur nulis pokok-pokok saka isi teks piwulang Serat Wulangreh pupuh Gambuh mau
Wulangan 3 babagan teks Berita
Ing piwulangan iki kira-kira mesthi wae sampyan wis tau maca berita ( pawarta )
Samenkone Bu Afi cawisake wacan berita sabnjure sampyan kabeh kudu bisa
a. Nyebutake tembung-tembung kang angel
b. Negesi tembung kang angel
c.Mangsuli pitakonan saka wacan berita ( pawarta )
d.Nulisake pokok-pokok saka wacan berita ( pawarta )
Wulangan 4 babagan Teks Dialog ( pesen )
Ana ing piwulangan 4 iki meh padha ana ing wulangan kang wis disinaoni ...
a. Sampeyan kabeh negesi tembung-tembung kang angel ... yen kangelan bisa goleki ana ing kamus Basa Jawa
b. Banjur ngerteni pokok-pokok isi teks dialog ya ... mesthi wae tetep kudu maca teks dialog kang dicawisake Bu Afi ...
c. Mangsuli pitakonan saka teks dialog kang isine pesen kanggo wong liya
Okeyyyy .... bisa ya ....
Ya wis semene dhisik ya...aja lali tetep BAHAGIA... patuhi prokes... lan ngibadah miturut kepercayan sowang-sowang( masing-masing)
jaga IMUN dengan IMAN
Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh


0 Comments