D. MATERI TAMBAHAN :
1. Bebasan lan saloka
Bebasan
yaiku : unen-unen kang ajeg
panganggone, ngemu surasa pepindhan kang dipindhakake
kahanane wong utawa barang.
Tuladha : ngubak-ubak banyu bening tegese gawe rerusuh ing papan sing
aman.
Saloka
yaiku : Unen-unen kang ajeg panganggone, ngemu surasa pepindhan lan sing dipindhakake kahanane wong
Tuladha : Timun mungsuh duren tegese : wong sing kuwat mungsuh wong sing ringkih.
Pratelan
ngisor iku golekana
bebasan utawa saloka sing wis cumawis
ing ngisore !
1.
perkara sepele ngambra-ambra
dadi gedhe.
2.
melu anut grubyuk
ora ngerti arah tujuwane.
3.
Bisa njunjung drajate
wong tuwa .
4.
Nindakake pagawean kanthi lega lila ora
duwe pamrih apa-apa.
5.
Prabot sing rusak amarga ora
digunakake.
6.
Wong sing seneng janji
nanging ora dileksanani.
7.
Wong sing duwe kapinteran nanging ora dimanfaatke nganti saat akhire.
8.
Wong sing rupane apik
ditambah becik bebudene.
9.
Pasulayan amung ngrebutake barang sing ora ana gunane.
10.
Wong uripe rekasa amarga omongane dewe.
2. Tembung Saroja
Tembung saroja yaiku
tembung loro kang padha tegese utawa meh padha tegese kang lumrah dianggo
bebarengan banjur nduweni
teges mbangetake.
Tuladha : Bagas tegese sehat
Waras tegese sehat
Bagas waras ateges sehat banget, utawa
adoh saka lelara.
Tembung sing
kacithak kandel iki tegese
apa ?
1.
Dasamuka iku
raja kang awatak angkara
murka
Angkara
murka , tegese………………………………………………………………………...
2. Anoman benget
anggenipun madosi papan dunungipun Dewi Sinta
Papan dunungipun
tegese………………………………………………………………………..
3. Dewi
Trijatha ugi boten sarujuk
kaliyan tindak lampahipun Prabu Dasamuka.
Tindak lampah tegese……………………………………………………………………………
4.
Sinaosa mapan
ing taman ingkang edi peni nanging babar
pisan Dewi Sinta boten
ngraosaken gembira
manahipun.
Edi peni tegese……….………………………………………………………………………….
5. Dewi
Sinta boten nggadhahi raos was sumelang kaliyan Dewi Trijath Sinaosa
Dewi Trijatha menika
penakanipun Prabu Dasamuka.
Was sumelang ,
tegese…………………………………………………………………………..
6. Sri
Rama sakalangkung suka rena ing galih tampi palapuraning Anoman.
Suka
rena , tegese……………………………………………………………………………….
7.
Wadya bala kapi
ingkang dipunpangarsani Sugriwa
bidhal ngrabasa dhateng negari Alengka ngrebat Dewi Sinta.
Wadya bala, tegese……………………………………………………………………………..
8.
Saiki uripe wis mukti
wibawa , sanajan biyen papa cintrakaora duwe apa-apa.
Papa cintraka
tegese……………………………………………………………………………
9.
Asmane Taufik Hidayat arum angambar ing
donyaning Olahraga badminton.
Arum angambar
tegese…………………………………………………………………………
10.
Wayang iku kagunan
kang adi luhung
mula
akeh wong manca sing nggilut nyinau kagunan kang
endah edi mau.
Adi
luhung tegese
maknane…………………………………………………………………….
3. Purwakanthi
Purwa : Wiwitan
Kanthi : Gandheng, kanca, nganggo,
migunakake.
Purwakanthi yaiku : nggandheng kang wus sinebut ing wiwitan (purwa).
Tegese, sing wis disebut ing ngarep, dibaleni maneh. Sing dibaleni iku swarane (vokale), sastrane
(konsonane), malah terkadang tembunge.
Purwakanthi
ana 3, yaiku :
1.
Purwakanthi Guru swara,
yaiku
purwakanthi sing runtut swarane (vokal), utawa utawa swara urip (A,I,U,E,O)
Tuladha :
a.
We la dadi kapiran-kapirun, gaga ora matun sapi oran nuntun.
b.
Jarene kepingin maju, lha kok ora sinau.
c.
Aja dahwen ati open, yen kowe kepingin kejen.
d.
Dupeh menang, tumindhak sawenang-wenang.
e.
Jaman bubrah sing salah malah disembah-sembah.
f.
Atine ora bisa luntur dening pitutur, ora bisa luluh dening pituduh lan ora
mendha dening tembung manuara.
2.
Purwakanthi Guru Sastra
yaiku
purwakanthi sing runtut sastrane (konsonan), utawa swara mati (B,C,D,F, Lsp.)
Tuladha
:
a.
Jejodhoan kudu ngelingi bebet,
bibit lan bobot.
b.
Yen kepingin ngerti marang gaib iku, kudu eneng, ening bisa uninga.
c.
Sapa goroh bakal growah.
d.
Kekudanganku marang
kowe, klakona mengku kamulyan.
3.
Purwakanthi Guru Basa ( Lumaksita).
yaiku purwakanthi sing runtut basane
(tetembungane)
Tuladha :
a.
Kalah cacak, menang cacak.
b.
Emban cindhe, emban
siladan.
c.
Raja putra, putrane
Raja Alengka.
Aranana kalebu purwakanthi apa ?
1. Ya
ngene iki dadi wong cilik, panggaweane iplik, bayare sethithik.
Purwakanthi : .....................................................................................................................................
2. Tembungmu mbok ya sing sareh, kereben pikoleh.
Purwakanthi : .....................................................................................................................................
3. Tirta
jroning jurang gumrujug.
Purwakanthi : .....................................................................................................................................
4. Tatune methunthung
mentheng-mentheng.
Purwakanthi : .....................................................................................................................................
5. Mingkar
mingkuring angkara.
Purwakanthi : .....................................................................................................................................
6. Wong
bungah-bungah temah nemu susah
Wong suka-suka nemu deduka.
Purwakanthi : .....................................................................................................................................
7. Ati
jujur, budi luhur, pantes dadi wong
luhur.
Purwakanthi : .....................................................................................................................................
8. Sing weweh
bakal wuwuh.
Purwakanthi : .....................................................................................................................................
9. Katula-tula katali
Purwakanthi : .....................................................................................................................................
10. Mangan ati, atine
sing kelara-lara



0 Comments