LEGENDA
Ing Bab I iki para siswa
bakal nyinaoni materi Legendha. Legendha yaiku crita utawa dongeng kang
ngandharake utawa nerangake kedadeyan utawa asal-usule sawijining papan.
Legendha iku kalebu crita rakyat. Sumbere crita seka lisan, dicritakake kanthi
gethok tular turun tumurun (dari mulut ke
mulut, turun temurun dari generasi ke generasi berikutnya). Ing jaman
mutakhir iki, piranti komunikasi wis canggih,
yaiku kanthi lumantar media informasi lan teknologi, mula para siswa bisa
mangerteni werna-wernaning crita legendha kanthi akses media komunikasi kayata
TV,Radio, Internet, Handphone Android, lan liya-liyane. Dadi ora kudu nyuwun
dicritani dening wong tuwa, sesepuh utawa wong liya.
Crita legendha iku asipat fiktif, amarga ora bisa dibuktekake bener lan orane. Saperangan masyarakat ana sing percaya lan ana uga sing ora percaya. Sing baku, lumantar crita legendha, para siswa bisaa nemokake amanat utawa pitutur luhur kang bisa diugemi lan ditrepake ing panguripan saben dina. Lumantar pasinaon iki, siswa kaajak supaya mangerteni crita legendha sawijining papan sing isih kalebu wilayah kabupaten Temanggung.
TUGAS ING NGISOR IKI DIAYAHI ING KERTAS FOLIO YA...!
A.
Para
siswa, adhedhasar andharan ing ndhuwur, coba wangsulana pitakonan ing ngisor
iki miturut pemahamanmu dhewe-dhewe!
1. Crita
legendha yaiku
………………………………………….…………………………………………………………
2. Ciri-cirine
crita legendha yaiku (sebutna paling ora 3 perkara)
a. ………………………………………………………………………………..
b. ………………………………………………………………………………..
c. ………………………………………………………………………….........
3. Manfaate
maca crita legendha yaiku
……………………………………………………………………………………
4. Tulisen
tuladhane crita legendha sing wis tau komangerteni!
a. ……………………………………………………………………………….
b. ……………………………………………………………………………….
c. ……………………………………………………………………………….
5. Miturut
panemu para siswa, kanthi cara apa wae supaya bisa mangerteni anane crita
legendha?
………………………………………………………………………………………………


0 Comments