ASAL-USULE
JAMPIREJO
Dhek jaman Mataram Kuna, nalika sing ngasta
pusaraning praja panjenengane Rakai Pikatan wilayah Bukit Menoreh kalebu ing
wewengkon Mataram Kuna. Wilayah Bukit Menoreh ing jaman semana isih katelah
minangka kademangan. Kademangan ing wilayah
Bukit Menoreh pranyata gemah ripah loh jinawi.
Nalika paprentahan Rakai Pikatan iku ing Bukit
Menoreh ana sawijining kademangan-kang ora kocap jenenge. Jembare kademangan
iku dumadi saka wilayah wates kulon
wiwit Giyanti mangetan engga Kowangan. Wilayah Kademangan iku dipandhegani
dening sawijining demang kang banget wicaksana asmane Kyai Ageng Nasaran.
Wilayah Kademangan kasebut mung dipanggoni kurang luwih 100 Kepala Keluarga.
Kang 20 Kepala Keluarga manggon ing wilayah kidul. Sadurunge dipanggoni dhek
biyen wilayah kasebut tanah milik pribadi kang arupa kebon subur kang ditanduri
maneka warna empon-empon. Sing nduweni tanah kebonan iku asmane
Mbah Dalikem lan Mbah
Ali Rejo.
Kyai Ageng Nasaran mimpin wilayah kademangan kasebut
nganti seda. Panjenengane disarekake ing Astana Segrogol. Sawise disarekake
dumadakan ing kono thukul wit Ketepeng kang saben taun saya gedhe. Wit Ketepeng
iku thukule pas ing sadhuwure makame Kyai Ageng Nasaran.
Makame Kyai Ageng Nasaran iku diziyarahi
dening masyarakat saka sajabane kutha Temanggung kaya ta Ngayojakarta lan Muntilan.
Masyarakat kang padha ziyarah ing makame Kyai Ageng Nasaran padha ndedonga.
Racake padha ndonga kepengin sugih banjur padha nggawa krikil kang wis
diresiki. Krikil itu dinggo jimat (pesugihan).
Sing ziyarah ing makame Kyai Ageng Nasaran iku
ana telung kelompok. Kelompok kapisan yaiku peziyarah saka Ngayojakarta cacahe
wong telu. Kelompok kapindho yaiku peziyarah saka Munthilan cacahe wong papat
lan kelompok kang katelu yaiku saka Surakarta cacahe wong lima. Sadurunge
mlebu pesareane Kyai Ageng Nasaran wong-wong mau padha nyuwun
palilah marang Juru Kunci.
“ Pak, sowan kula mriki sepindah silaturahmi,
kaping kalih badhe nyuwun izin badhe berseh wonten pesareanipun Kyai Ageng
Nasaran”
“Nyuwun ngapunten sakderengipun, panjenengan
mangertos pesarean punika saking pundi?
“Hla nggih saking bapak kula, bapak kula nggih
saking simbah kula”
“Oh, ngaten. Monggo, kula dherekaken,
sandhalipun dipunagem”
“Sampun mboten usah. Sandhal kula kersane
wonten mriki mawon”
Sandhale diselehake ing ngarep gapura pesarean.
Juru Kuci ora oleh ngetutake tekan pesarean. Dheweke mung dikon ngenteni nganti
para peziyarah iku rampung anggone breseh lan ndonga.
Anehe nalika wong-wong iku lagi padha
ngaturake donga dumadakan kontal tekan ing
sela-selane dhapuran pring kang pating jenggeleg ing sakitere makam
kasebut. Kahanan kaya mangkono iku dumadi bola-bali.
Sawise rampung wong-wong mau padha metu saka
pasareyan tumuju omahe juru kunci.
Nalika tekan omahe juru kunci ana kahanan sing nganeh-anehi. Sandhal
kang maune diselehake ing ngarep gapura pesarean dumadakan wis
ana ngarepe omahe juru kunci.
Kajaba makame Kyai Ageng Nasaran, uga tinemu
makame Mbah Kyai Ali Rejo dan Mbah Somo Sanyoto. Mbah Kyai Ali Rejo dianggep
minangka cikal bakal kang mbuka wilayah Jampirejo utawa sinebut kang mbubak
alas Jampirejo. Makame Mbah Kyai Ali Rejo banget ramene, sabab diziyarahi
dening masyarakat manca desa utamane ing wulan Sura dan Mulud (Muharram
dan Rabiul Awal pada kalender Hijriah).
Ing sawijining wektu ana wong-wong kang asale
saka daerah Solo lan Klaten kang pindhah manggon ing Jampirejo. Ing desa
Jampirejo wong-wong mau makarya dadi tukang jamu. Dheweke padha
gawe jamu karana akeh banget tanduran empon-empon kang thukul ing desa iku. Iya
amarga saking akehe tanduran sing arupa empon-empon ana bageyane desa iku sing
katelah Ngampon. Ngampon asale saka empon-empon. Saiki wilayah
Ngampon dadi tempat pemakaman umum di Kelurahan Jampirejo.
Ing desa kasebut akeh warga sing dodol jamu.
Satemah wilayah iku dijenengake Jampirejo. Jampi asale saka
kramane tembung Jamu lan rejo kang tegese rame utawa rejeh. Adhedhasar tembung
iku wusanane masyarakat njenengi wilayah sing akeh wong dodol jamu kang laris utawa
rame utawa rejeh iku desa Jampirejo.
PITAKONAN ING NGISOR IKI DIAYAHI ANA KERTAS FOLIO!!



0 Comments