Geguritan
Manut asal-usuling tembung geguritan asale saka tembung
“gurit” sing tegese kidung, tembang utawa tulisan sing wujude ukiran utawa
tatahan. Geguritan uga diarani guritan yaiku puisi Jawa. Geguritan kuwi ora
ditembangake nanging diwaca nganggo wirama, wirasa lan wiraga manut surasane.
Geguritan kaperang dadi loro (2) yaiku geguritan
tradisional lan geguritan modern. Geguritan tradisional kuwi
geguritan nganggo paugeran-paugeran tartamtu kayata cacahing larik saben pada
(bait), cacahing wanda saben larik uga dhongdhinge swara (persajakan). Kang
kagolong geguritan tradisional antara liya yaiku parikan, wangsalan, tembang
macapat, tembang tengahan lan tembang gedhe.
Geguritan modern ora diwatesi
pathokan-pathokan lan paugeran kaya kang ana ing geguritan tradisional. Tegese
saben pada (bait) ora ditemtokake cacahe larik. Saben larik ora ditemtokake
cacahe wanda lan dhongdhinge swara (persajakan). Pangripta mardika (bebas)
anggone medharake karep. Mula geguritan modern uga diarani geguritan bebas
utawa kang saiki lumrah diarani geguritan.
Carane nganggit utawa nulis geguritan
Kanggone pangripta kang wis mahir (kulina) nganggit, nulis
geguritan kuwi dudu perkara kang angel. Apa kang ana ing angen-angene
diwedharake kanthi tembung-tembung kang ditata ana ing larik-larik mesthi wis
dadi apik. Nanging kanggone bocah-bocah / siswa-siswa, luwih-luwih siswa ing
tataran SMP, nggawe geguritan kuwi dadi pagawean kang angel lan abot mula perlu
pituduh cara kanggo nggampangake.
Cara
kanggo nggampangake nganggit/nulis geguritan:
1.
Temtokna luwih dhisik underaning
gagasan (tema) kanga rep dirembug.
2.
Yen undheraning gagasan wis
ditemtokake banjur dimligekake (spesifikasi).
3.
Tema kang wis dimligi mau gawea
cengkorongane (kerangka).
4.
Saben cengkorongan mau udhalen mawa
tembung-tembung lan tatanen ing larik-larik.
5.
Kanggo nambahi endahe, gunakna
purwakanthi, baliswara, pepindhan utawa tembung kawi kanthi cara golek ing
kamus.
Tuladhane
mengkene:
6.
Bocah-bocah arep nggawe geguritan
kanthi tema alam Temanggung. Alam Temanggung kuwi rupa-rupa, bisa kabudayaane,kaendahane
gunung sumbing lan sindoro, taman
water park pikatan. Pilih salah siji, ateges wis dadi tema sing spesifik.
Umpamane mengkene:
7. 1. Kahanan kutha Temanggung
8. 2.
Kepriye cara warga Temanggung golek pangupajiwa
9. 3. Apa hasil kang ditampa warga Temanggung.
10. 4. Kepriye carane ngawentarake kaendhahane kutha Temanggung
11. Cengkorongan
banjur diwedharake, dijlentrehake sarana tembung-tembung kang ditata ing
larik-larik mangkene.
KAENDAHANING
KUTHA TEMANGGUNG
Katon ijo royo-royo
Tanduran mbako subur
Ora ana kang loyo
Adhem ayem tansaya makmur
Warga Temanggung eseme pait madu
Tan kendhat
anggene nyenyuwun
Mring Gusti Allah kang maha Agung
Dene urip kamulyan kang tansah disuwun
Esuk awan klawan sore
Pak tani Temanggung kesele ora dirasakake
Amung panen reja rejeh kang diseja
Muga binerkah apa kang daktampa
Pancen endah kutha Temanggung
Gawe bungah ati kang suwung
Tanduran mbako lan budayane
Mangga sami dilestariake
PURWAKANTI
Purwakanti yoiku unen-unen sing runtut
swarane,tulisane utawa tetembungane singpadha sajroning ukara.Purwakanti
kaperang dadi telu
1.Purwakanti guru swara yoiku unen-unen sing
runtut swaraneing pungkasane tembung
Tuladha:
a.Ana
dara sanga padha saba ara-ara
b.Anggung gumunggung kumalungkung
2.Purwakanti guru sastra yoiku unen-une sing runtut tulisane ( konsonan )
ing sabenwiwitan wanda.
Tuladha
:
a.sluman slumun slamet
b.kala kula kelas kalih kalung kula kolang kaling
3.Purwakanti guru basa ( lumaksita ) yoiku
unen-unen sing runtut tembunge.
Tuladha :
a.Suwe ora jamu,jamu godhong tela
b.Ana
gula ana semut
SANEPA
Sanepa yaiku unen-unen sing saemper
pepindhan nanging nduweni teges kosok
balen karo kahanane.Tuladha:
a.Rasane legi brantawali nduweni teges rasane
pait banget
b.pikirane landhep dengkul nduweni teges bodho


0 Comments