PARAMASASTRA GEGURITAN

B. SANEPA

    


  Sanepa yaiku tetembungan utawa unen-unen sing kadhapuk saka tembung

  kaanan lan tembung aran nanging nduweni teges kosok balen karo kaanane.

  Tuladha :

     Eseme pait madu, pait tembung kaanan, madu tembung aran dene tegese ora

     Pait nanging kosok baline yaiku manis banget.

     Abot kapuk tegese entheng banget

     Dhuwur kencur tegese endhek banget

     Peret beton tegese lunyu banget

     Atos dhebog tegese empuk banget

 

     Apa tegese sanepa ing ukara ngisor iki !

1. Raden Abimanyu gugur ana ing Palagan kanthi tatu arang kranjang.

     (=.....................................)

2. Pasedulurane antara Heni lan Puji kuwi renggang gula kumepyur pulut.

     (=.....................................)

3. Adi kuwi yen diwulang polahe anteng kitiran.

     (=.....................................)

4. Dewi Rara Amis iku ambune arum jamban mula ora ana sing gelem nyedhaki.

     (=.....................................)

5. Bocah diterangake wiwit mau kok ra mudheng-mudheng pancen landhep

    dhengkul tenan, (=.......................................)

6. Wiwit kecukupan uripe awakke Dalijo kae saiki kuru semangka.

     (=...........................................)

7. Uripe Pak Munarjo saya rekasa amarga utange arang wulu kucing.

     (=......................................)

8. Bareng krungu bel tandha bubar sekolah sakala bocah-bocah padha mlayu mulih

    prasasat rindik asu digitik. (=....................................)


Geguritan akeh kang ngemot surasa luhur,kanthi mengkono bisa diarani sastra adiluhung. Ing ngelmu kasusastran Yunani , bab iki bisa nduweni fungsi dulce         (kaendahan) lan fungsi utile(kagunan/paedah). Salah sawijining wohing kasusastran kasebut endah lan becik yen fungsi/guna ,kekarone bisa nyawiji ,yaiku endah yen diwaca lan migunani tumprap budi pekertining wong kang maca utawa ngrungokake.

Struktur geguritan nyakup : swara,diksi/pilihaning tembung,basa figuratif              (kiasan,metafora,lsp), tipologi (tata huruf),imajinasi,tema,rasa,nada,kahanan,lan amanat. 

           

`           Carane nulis geguritan yaiku: ngeling-eling salah sijine pengalaman kang tau

            Dialami.Milih salah sijine pengalaman kang tau dialami kasebut,nemtokake

            diksi/pilihan tembung kang duweni teges/bermakna karo bab kang arep digawe

 geguritan. Wiwit nulis larik geguritan adhedhasar pilihan tembungkang pas,lan

 nyunting geguritan mau supaya dadi geguritan sing apik lan pas. Dene menawa gawe geguritan sing dibiji yaiku isi lan judhul jumbuh/cocog/sesuai ,anane rima utawa persajakan,lan pamilihan tembung/diksi.


A. PEPINDHAN LAN PANYANDRA

         

Panyandra yaiku tetembungan kang nggambarake kaanan utawa solah bawa nganggo pepindhan.

Pepindhan yaiku tetembungan sing ngemu surasa irib-iriban,upama paumpaman,mula biasane dikantheni tembung kaya,kadya,pindha.

            Tuladha :

            Alise nanggal sepisan

            Idepe tumengeng tawang

            Putih memplak kaya kapuk diwusoni

            Rukune kadya mimi lan mintuna

 

            Jodokna tetembungan ing sisih tengen lan ing sisih kiwa !

            1. Pangamuke kaya ...............................              a. ketiban ndaru

            2. Drijine.............................                                 b. saur manuk

            3. Untune............................                                 c. batheng ketaton

            4. Bungahe kaya.....................                                d. miji timun

            5. Pasedulurake kaya...............                                e. jangkrik mambu kili

            6. Wangsulane.......................                                 f. jambe sinigar

            7. Ayune kaya........................                                g. gabah diinteri

            8. Polahe kaya.......................                                 h. Widadari ngejawantah

            9. Rupane bocah kembar kuwi kaya............              i. mucuk eri

            10.Tandange kaya.....................                              j. banyu karo lenga