KAENDAHANING KUTHA TEMANGGUNG
Katon ijo royo-royo
Tanduran mbako subur
Ora ana kang loyo
Adhem ayem tansaya makmur
Warga Temanggung eseme pait madu
Tan kendhat anggene nyenyuwun
Mring Gusti Allah kang maha Agung
Dene urip kamulyan kang tansah disuwun
Esuk awan klawan sore
Pak tani Temanggung kesele ora dirasakake
Amung panen reja rejeh kang diseja
Muga binerkah apa kang daktampa
Pancen endah kutha Temanggung
Gawe bungah ati kang suwung
Tanduran mbako lan budayane
Mangga sami dilestariake
Wangsulana Pitakonan kang ana gegayutan karo geguritan ing dhuwur!
1.Tulisen kepriye kahanan tandurane mbako!
2.Apa kang disuwun warga Temanggung marang Gusti Kang Maha Agung?
3.Anggone padha nyambut gawe ing wayah apa?
4.Para petani ing Temanggung ora padha ngrasakake kesele jalarane apa?
5.Apa kang kudu dilestarekake ing kutha Temanggung?
Ukara-ukara ing ngisor iki ngandhut Purwakanthi apa!
1.Mungguwing tirta,tirta kandheng ing samodra.
2.Putra - putrine petruk padha patroli.
3.Titi titis tatas trengginas.
4.Kulite kuning kadi mas sinangling
5.Wong mati ora obah, nik obah medeni bocah
6. Tembungmu ya mbok sing sareh kareben pikoleh
7.Mingkar mingkuring angkara angkarana karenan mardi siwi
8.Tela rujakane, gawe gela sajakane
9. Pak Kerta tuku kreta numpak kreta liwat kreteg Kertasana
10.Tandang tanduke tansah titi ngati-ati.


0 Comments